CLICK HERE FOR FREE BLOG LAYOUTS, LINK BUTTONS AND MORE! »

Minggu, 20 Februari 2011

PRANOTA HADICARA

Pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW,

Assalamu’alaikum wr. Wb.

Para tamu kakung miwah putri jama’ah masjid al-Falah Blunyah Gede, ingkang dipun rahmati Gusti Allah SWT.

Ingkang sepisan, monggo kula sak kelawan para jamaah ngaturaken pamuji syukur dumateng Gusti Allah SWT ingkang tansah maringi nikmat awujud kasarasan lan keimanan dumateng kita sedaya.sholawat lan salam konjuk dumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW. Kang kaping kalih, kula minangka pranoto Hadicara badhe nyawekani acara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW1494 H wonten ing Masjid ingkang mubarakah menika.

Acara menika sampun runtut, sampun dipunsusun kaliyan panitia, inggih menika:

1. Atur pambuka

2. Waosan ayat suci Al-Qur’an kaliyan terjemahanipun

3. Sambutan saking ketua ta’mir Masjid Al-Falah

4. Hikmah Maulid Nabi ingkang badhe dipun aturaken dening bapak K.H Afhan

5. Istirahat disambung donga panutup

Para jamaah ingkang dipun rahmati Gusti Allah SWT, monggo acara menika sesarengan kita wiwiti kanthi donga pambuka

Basmallah………

0 komentar:

Posting Komentar